Friday, May 10, 2013

Gara-gara Tangi Awan


                  Sore iku udane gede banget, gluduge jemeter.andi lan kancane malah pada bal-balan ing ing lapangan ngarep SD. Ibune sing asmane Ridah ngalor ngidul anggene nggoleti Andi. Ibu :”Andi,…. Ndi ,…. Koe nang ndi?” Sawise wayah maghrib Andi nemebe bali nguma, ibune jengkel. Andi langsung adus, sawise banjur solat nangingbare solat Andi malah mapan turu ingkasure. Andi :”Bu…. Andi bubu rumiyin nggih?” Ibu :”Loh apa koora sinau ndi?” Andi :”Mboten lah bu, Andi kesel sanget.” Ibu :”Loh ngesuk sekolah malah ora sinau?” Andi :”Nggih bu,…..”(Banjur langsung turu). Padahal dina ngesuke ana ulanagan Basa Jawa lan jadwal pelajarane anyyar. Esuk gasik ibune nggugah Andi singesih turu ing kamare. Karo notoki pintu ibune nggugaih Andi:”Ndiiiiii tang iwis awan!”. Andi tangi nanging weruh jam malah wis jam 06.00 esuk Andi kaget lan langsung adus. Sawise adus Andi langsung nata bukune sing pelajaran dina kue. Andi ora emut yen pelajarane wis ganti. Andi banjur mangkat sekolah kanti gugup. Sawise tekan sekolah bel mlebu moni, banjur Andi mlayu-mlayu marang kelase. Nembe gutul lawang kelas ning mburine ana guru Basa Jawane Andi. Andi :“Assalamu’alaikum b,….?” Bu Guru: “Wa’alaikum salam Ndi, tembe pangkat?” Andi :”Nggih Bu,….?” Sawise BuGuru lenggah lan mbukak buku sanjange Bu Guru :”Lare-lare dinten nikiulangan ngih?” Serentak batir-batire mangsuli “Ngggggggiiiiiiiihhhhh Bu.” Andi banjur kaget lan wektu mbukak tas Andi kemutan yeng jadwal pelajarane anyar,. Sawise ulangan Andi mung olih nile pas-pasan. Wektu iku atine Andi banjur ngomong “Aku ora bakal kaya kiye maning dolan keselen nganti turu gasik, tangine awan, salah jadwal lan nile ulangane pas-pasan. Wayah iki aku arep rubah sifate”. Sawise sekolah Andi uga njaluk maaf marangibune.

0 komentar:

Post a Comment

Powered by Blogger.